Mazda Familia

Mazda Familia
2003 Mazda 323 (BJ II) Protegé Shades sedan (2015-08-07) 01.jpg
ProdhusènMazda
Mangsa sajroning produksi1963–2003
Modhèl sawiséMazda Familia Wagon (BG generation, station wagon version)
Mazda3/Mazda Axela
Klas

Mazda Familia ya iku salah sawijining jinis kendharaan awujud mobil sédan kulawarga kang diprodhuksi déning badhan usaha Mazda Motor Corporation saka Jepang.[1] Mazda Familia iki modhèlé ora mung kuwi-kuwi waé, nanging mobil jinis iki modhèlé ganti-ganti miturut generasi. Tekan saiki, yèn diitung wis ana wolung génerasi saka Mazda Familia ing antarané taun 1963 tekan taun 2003. Pabrik kang gawé mobil Mazda Familia iki maggon ana ing kutha Hiroshima, Jepang. Nanging, suku cadang mobil Mazda Familia dirakit ana ing pirang-pirang nagara ing donya.[2]

  1. GridOto.com. "Mengenal Mazda Familia: Tahun 1999 Di Kisaran Rp 56-58 Juta - GridOto.com". otomotifnet.gridoto.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-02-20.
  2. GridOto.com. "Mengenal Sejarah Mazda, Ternyata Awalnya Adalah Produsen Wine - GridOto.com". otomotifnet.gridoto.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-02-20.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy